Add Me ⬅⬅

Sholli Wa shallim daiman

Sholli Wa shallim daiman

  • Sholli wa sallim daiman ‘alahmada
    Sholli wasallim daiman ‘alahmada
    Wal ali wal ashhaabiman qodwahada
    Wal ali wal ashhaabiman qodwahada 
  •  Ayo do ngurangi nonton televisi
    Timbang nonton tivi luwih becik ngaji
    Ahbabul musthofa wadah kanggo ngaji
    Kumpul poro Habaib lan poro Kiyai
  • Eman temen wong kang ninggal sholat wengi
    Saben dhalu turu ora gelem tangi
    Sholat wengi ngono disenengi gusti
    Sopo gelem nyuwun mesti diparingi

  • Yen pengen nyenengne atine kanjeng Nabi
    Ayo bareng-bareng sregep melu ngaji
    Yen atine karep mesti ora bali
    Saben wayah ngaji ora tau keri
  • Ayo bareng-bareng mangkat pegajian
    Kanthi ati seneng arep sholawatan
    Ngajak tonggo-tonggo nganakne rombongan
    Colt brondol disewo urun mangewunan
  •  Ayo bareng-bareng mangkat pegajian
    Kanthi ati seneng arep sholawatan
    Ngajak tonggo-tonggo nganakne rombongan
    Colt brondol disewo urun mangewunan
  •  Lanang karo wadon podho keluyuran
    Pamit nang wong tuwo jare pengajian
    Ing nyatane malah dho pacar-pacaran
    Budhal soko ngaji dho bonceng-boncengan
  •  Lanang karo wadon manggon sepi-sepi
    Nyanding senggal-senggol koyo kebo sapi
    Ngono kuwi duso nurut coro nabi
    Ojo diterusno yen durung dirabi
  • Sholat limang wektu ayo podho njogo
    Jama’ah ing masjid bareng sak keluargo
    Urip kroso enteng nalika ing dunyo
    Ganjarane gedhe manggon ing suargo
  •  Yen sholat kesusu ora biso pernah
    Rukuk lan sujude ditoto sing nggenah
    Sing khusuk lan khuduk ugo tuma’ninah
    Ngerteni sing wajib lan ngerti sing sunnah
  •  Akeh bocah podho matur tahlilan bid’ah
    Akeh bocah podho matur yasinan bid’ah
    Bapak ibu ora jawab sebabe susah
    Durung-durung anak iki kok ora genah
  •  Akeh mantu podho matur sholawatan duso
    Akeh mantu podho matur wiridan duso
    Moro tuo ora jawab sebabe kroso
    Durung-durung mantu iki ternyata loro
  •  Yen rumonggso sugih itungen dunyone
    Bagian zakate ojo dilalekne
    Dulur karo tonggo sing podo miskine
    Kabeh podho nunggu zakat bagiane
  • Yen karo tonggone sing apik atine
    Yen kahanan longgar mikiro butuhe
    Sajak perlu utang enggal diparingne
    Nanging ojo nganti njaluk anak ane
  •  Ojo seneng guyon yen waktu ngaji
    Opo maneh SMS mlaku riwa riwi
    Lungguhe sing anteng rungokno sing titi
    Ngilmune manfaat kanggo sangu mati
  • Eman lo wong ngaji campur lanang wadon
    Campur lanang wadon lamun dudu mahrom
    Biso-biso malah nglakoni sing harom
    Ilmu gak manfaat rusak malah klakon
  •  Eman temen wong kang gelem tuku nomer
    Tombok sak bendino kok yo ora blenger
    Rumongso wes akeh nanging ora bener
    Add caption

    Wajib ditinggalno ben ora keblinger

0 Response to "Sholli Wa shallim daiman"

Posting Komentar

komentarlah dengan sopan dan hendaklah jangan nyepam. berkomentar yang sedang dibicarakan